Karya Sastra Crita Lelembut



WONG WADON KANG PUNGKASANE
Dening Mbah Brintik



Sapa jenengku, endi omahku, apa penggaweanku, ora perlu dak critakake.kang jelas,aku iki wes klebu Lansia, rumangsa durung tua nemen, senajan klebu wong pensiunan, wong pancen wis ora nyambutgawe kok, Senajan mankono, aku isih gagah, rupaku uga isih klebu gantheng, sugih duwit, kurang apa lanang kaya aku iki...???

Dadi dhuda jek durung suwe, aku pancen emoh diarane dudu lanang, mula langsung rabi, randha nom ayu, duwe anak siji, tur wong manutan pisan bojoku dak uja sakarep, anake dak openi nganti kaya anaku dhewe, pokoke aku ngatonake dadi wong lanang tanggung jawab tenan. Mula katone rumah tanggaku ayem tentrem, bojo ayu jek nom manut pisan kabeh sajak ngalembana, malah uga ono rasa meri, oooo…..aku kok…….

Nanging kabeh mosok ngerti, yen bab mau mung kanggo nutupi kahananku sanyatane. Jalaran, waleh-waleh opo, wiwit bojoku jek ono, aku iki sejatine wes dudu lanang maneh. Mesthi bae, bojoku ya kesiksa banget.

Kanggo mulihake lanangku, dokter piro bae, teka njaban kutha barang, uga dukun ngendi bae ora dak parani, nanging meksa gagal , tetep bae, tujuane bojoku sambung mau kebak pangerten, ora wani protes mung ayem bae, ning njero batine enbuh aku ora ngerti.

Aku klebu wong lanang kang ora gelem nampa kanyatan, ora nrimo apa kang digarisma dening gusti Aallah. Aku emoh yento ananing ngerti, menawa sejatine dudu lanang maneh, Bojoku dhewe uga wes dak omongi setengah ngancam, ojo nganti bocor, nek aku dudu lanang maneh. Lan maneh konone dhewe, harak yo isin yen nduwe bojo lune loh, alone peloh. Mula saka kuwi, aku nduwe pola nggladrah, terus golek womg wadon sing ayu, sing kena dak cedhaki dak rayu-rayu.

Malah nek klebu wong randha teles, aku langsung tancap gas, kudu kebek Cinta ditolak, dukun bertindak, iki prinsipku, dhasare aku seneng main perdukunan ngono kuwi.

Wong wadon piro bae kang dak pacari, ko nek aku wes bosen, dak lungakne ngono bae, nggolek ono mosok bisa, wong omahku dak gawe wadi. Menawa ana sing njaluk luwih saka pacaran, njaluk dak rabi, aku wiwit blaka, nek aku iki sejatine wis dudu lanang maneh. ”Wooo,dadi bergajul wedokan tah dapurmu iku bangsatttt, tibake aku kapusan, dipacari wong genden, wandu dudu, lanang ya gak, bedheess!!” yen ana seng ngunen-uneni ngono, aku malah ngiprit, ora wani nyedak maneh, ning tetep nggolek sasaran liya, merga aku tetep iseng terus. aku rumangsa lega banget , wis bisa gawe gelane wong wadon-wadon.

Nganti ing sawijining wektu, aku bisa tepungan karo wong wadon, ketemuku pas aku lagi ngenggar-enggar ati ana eng Stadion Kanjuruan Kepanjen Malang. Pas kuwe malem minggu, wonge mbludak, rata-rata padha golek hiburan, nanging akeh-akehe padha ngesok nafsu bejat, apa maneh remajane, wis kaya ora nduwe dusa babarpisan, nek pada nganut aliran free sex, panggonane ya ora milh-milh, umbar-umbaran kaya kewan bae, ana papan tinar bika ora risi lan isin

Kang kari iki wonge pancen ayu tenan, semok, kulite mrusuh, ambune rumangsaku bisa ngguga nafsu birahiku tenan. Wonge ora kaya sing uwis-uwis, jan agresif banget, Menawa nanging lagi lungguhan mepet rerangkulan keket, tangane sing oprasi malah kono, persasat awaku digrayai, klebu lanangku barang, Dikaya ngapa, senajanta aku wis dudu lanang, ya meksa ana rangsangan, mung ya kuwi mula, bisaku mung mgeses lan bekah-bekuh tok, konone tambah saya nggratil sajak gemas, ngerti aku ngeses-ngeses bekah-bekuh ngono mau.

“Maaas, awake dewe iki wes suwe pacaran, la mbok aku iki dijak nyang omah sampean, dikenalno keluaga sampean ngono lo Maaas...yaaaaa...???????”

La mosok kaya ngene terus, aku njaluk dinikah looo, ben ndang bisa iki looo” ngomong ngono malah mrekes lanangku sak nemene. “ya ta, ning sabar lo ya , ibu-bapaku isih lagi tindak adoh, engko nek wes kondur , ayo nyang omahku . Sabar disek ya sayang yaaaaa...?” Dheweke dak rangkul saya keket, kanggo ngilangi sing krasa kemranyas

Embuh karo siji iki , kok ora kaya liyane kabeh bae, terus dak lungani ngono bae, tanpa mikir gelane wong wadon sing dak pacari Sajake Dheweke uga gelem nompo, nanging malah ngajak aku menyang omah sajak lelewa, nantang ngajak piye ngono.

“Mas, mbok ayo nang omahku, wong aku ijen kok , ben aku ngerti tenan. Ko anan omahku rak malah bebas, ngomong apa bae mangga, gelem yo mas?”

La maneh-maneh aku kaya kena gendam, mung manut , manthuk nyanggupi .
Iki aku naliko aku dheweke ngrasakno angete wong pacaran.

Naliko mulih wis pisahan karo dheweke , aku mikir-mikir, wong pacaran wis suwi , kok aku durung ngerti jenenge sapa, anake sapa, nek alamat iki mau di omongi, jarene ana gang makam, Kauman Kepanjen , Wetan setasiun, aku ya mikir maneh, naliko wong loro rngkulan keket, aku kaya mambu gandane kaya bathang, ning awake dhewe ya ora mambu apa-apa.

Mungkin cedaku pancen ono bathang embuh bathang apa, gandane nyogroh Embullah, kok malah nduw pikiran macem-macem, kang mesti, aku sido nuruti panjaluke, aku mara menyang omahe,toh aku dhewe uga pancen kepingin nyatake kahanan dhewekw debenere kuwe sapa, anake sapa. Nanging tetep bae, bakal edak tinggal gketak kaya biasane, yen aku wis bosen srawung kayo dheweke , njur golek maneh , mesthi olehe, aku kok……

Klakon aku , aku kaya kena magnet, mlaku menyang omahe , kaya anan sing nyurung bae, oamh kang dununge anan pinggiran kampong, tur ancen tekaku mrono wis rada wengi, ning during jam sewelas mau, pancen ya sepi nyenyet , kiwa tengene uga kaya ora ana sabawane swara apa-apa,kabeh mung katon remeng-remeng, mung kesunaran lampu saka pinggir kampong kono. Awakku krasa griming uga rada gemeter, bareng dadadkan krungu swarane manuk dares kasusul kleper-kleper kalong ing cedaku.

Bareng dak eling-eling tibake bengi kuwe pas malem jumat kliwon , jarene jare, dina malem jum’at kliwon kuwi akeh bangsa alus gentayangan mikir ngono awakku malah krosa anyep kabeh. Gojag-gajeg, apa sida nonthok laqang omahe pacarku sing ayu semok kuwi opo ora.

Gek omahe ya sepi mamring, lawange tutupan rapet, apa ya wonge wis turu, mongko wis semayanan, senajan rada bengi, aku mesti teko, dheweke uga janji arep ditunggu nganti aku teko. Awakku gemeter , bareng krungu Swarane asu baung saka kadohan . Batinku kok ya ana sing ngingu asu, wong jarene omahe iki kampunge wong agama, jenenge bae wong kauman , nggone kaum iman , kok ya aneh men.

Aku njodjil , merga ora ngerti sangkan parane, ana wong nyablek pun dhakku khanti ngeget nyekikik.” Kaget yam as , wis suwe lahe ngenteni , hihiiikkk, kok sajak ragu-ragu tam as, hayo mlebu, liwat iringan kene bae, hayooo……., aja ndadak kaya wong bengong ta masss……”Tibake dheweke , kang aku kaya robot mung manut diglandang.Nanging ora dijak mlebu omah, malah diajak anehe aku malah dijak ngelesot ana papan ngisore nggrumpul, kang aku ora ngerti karepe.

Senajan ora pathi cetha, aku ngerti dhewekw nganggo rok dowo putih , rambute diori lepas , kang terus ngrangkul aku kenceng banget.

Pikiranku malah binging uga risi, nalika dhewekw nggrayangi awkku malh karo nyekikik, gawe githoku dadakan mengkorok.ambune wangi nig kok mblengeri , malah aku kaya kudu muthah.”Penak ya mas , pacaran ana omahku kene , sampeyan rak lanang tenant a yam as, wong peyan senemg karo wong ayu –ayu ngono loooiya ta??????? hihiiikkkkkkkkk……..hihiiikkkkkk………..”

Awakku langsung adem panas gemeter, saka wediku, uga wiwit krasa, menawa ana kang ora wajar, menawa bae, aku kesasar menyang papan kang, salah duduk omahe dheweke , kang ana ngarepku iki mesthi memedi kang memba-memba pacarku mau. Mula aku mbudidaya ual saka rangkulan kang saya keket mau, karepku gek nang mlayu lunga saka papan kono.

Nanging aku during tumindak apa-apa, wis kedhisian awaku dilumahno ngeget, persasat kaya dibanting,. Wiwt rai , dhadha terus sapengisor , dikruwes-kruwes gak leren-leren, nyambi nyosorake lambene menyang lambeku, Senajan aku kaya muntah-muntah uga awaku krasa njarem perih kabek saka landepe kukune kang mancep ana awakku sakojur, bisaku muung mancal-mancal karo bekah-bekuh nahan lara, kepingin uwal ora bisa.

Saya aku ndadekake aku giris ora karuwan, dheweke malah dadi whedon rupane elek medeni , mripate kaya murup menceringi aku, terus nggereng ngundamana aku, uga malehno kebak pangingit-ingit.

“Ngertiyo ya bangsat , iki piwalese wong lanang seng seneng gawe dolan wong wadon . ya aku iki salah sijine kang mbok gawe dolanan , wis bosen , mbok lempar ngono bae kaya larahan bedhes elek huh!!!!

Timbang aku wirang , aluwung bunuh diri, Sumpaku gentayangan , durung njuwing-njuwing atimu lan ragamu , ngerti ora dapurmu...????!!! Wedi giris, jijik njarem perih dadi siji, awakku wis kaya semplah kabek balungku kaya mrotoli , karasa getih nelesi awakku sakojur, tansaya gawe rasane atiku ya awakku ajur mumur tenan.

Tanpa kanyana, awakku kang wis remuk-remuk mau, didhupak sakayange, kontal adoh , terus ngelimprek tanpa daya, antarane sadar lan ora keprungu guyune kang gawe saya ngeri, haaaaaaa……. legaaaaaaa…l egaaaaaa atikuuuuuu hihiiikkkkk……….encho ya bedheeessss laknattt ………!!!!.............. ” saya suwe saya ora keprungu , aku wis ora eling apa-apa, maneh……….

Bareng aku ngelekake mripat merga wes sadar saka nggonku semaput, clilengan kakaku ora kuwat ngalawat babarpisan , tur sandanganku rowak-raek, awakku wis ora bias digambarake mungguh larane.Bareng wis dak waspadakake karo ngrasakna laraku kang ngepol mau , tibake aku athang-athang ana pinggir kuburan dikepung maesan panting njenggelek , tansaya gawe mirisku bae.

Ya, ing kono aku lagi sadar , yen aku iki pancen wong lanang kang kebak dosa, gawe dolanan wond wadon ora leren-leren, gonta-ganti pisan sing dak tinggal lara atine, marga dak enggo dolanan.Bab mau dak tindakake , merga aku wong kang ora gelem nampa ganjaran Allah, Nalika aku isih nom , aku pancen seneng satuwuke, Akibate, during tuwa nemen , aku wis kentekan daya, lanangku uga mati-ti, kena dayake obat mau.

Aku ora tobat, malah malah kaya protes , kanti tumindak kang nggladrah, kaya dak alami mau, aku ora gelem nampa kenyatan . malah nutupi kekuranganku, ora mikir akeh wong wadon kang dadi kurban tumindaku mau. Aku wiwit eling marang kang gawe urip, kang mah kuasa, mula senajan ora kewetu, aku sambat marang panjenenga-ne, njaluk pengapura.

“ Gustiiiii………..kula rumaos dosa gustiiiii, mugi kersa pengapunten Ya” Allahhh…….. kula tobat saestu ya allahhh………………” Tekan kono, luhku ndelewer nelesi pipiku, saka ora kuate sanggan batinku, wis rumangsa kena bendune gusti Allah, kena walate wong wadon–wadon kang wis dak gawe dolanan. Ya wong wadon kang panilmane wong wadon kang wis dak gawe dolanan., minangka womg wadon kang pungkasan, uga minangka tobatku marang kang gawer urip.

Mitra, tumekane saiki, aku isih nggolso ana tengah kuburan kono, ora ono sing nulungi, arep tangi ora bisa nggalawat ngliprek-prek. Yen sapa bae, liwat kuburan kono, aku tulungana ya mitra, mengko dak opahi sing akeh, duwitku akeh kok, aja kwatir.

Nek pangen ngerti aku sapa,omahku endi, takonan mbah brintik bae, kang nulis lelakonku iki………………..

0 komentar anda:

ARTIKEL POPULER

edisi kusus

edisi kusus
Klik gambar... untuk melihat cerita, silsilah, foto keluarga Darmoredjo