NGUNGGAR GREGET SENI-BUDHAYA


Seniman, Budhayawan, Sastrawan,
Tokoh lan Masyarakat sing Peduli
ing Kepanjen-Malang


Bismillahirrohmanirrohim

Assalamu’alikum wr.wb
Sugeng pepanggihan,

Kawula ingkang kapatah minangka ketua “Java Cultura” ing isi Website semangke, ngaturaken gunging panuwun dumateng panjenengan sami. Mligi dhumateng Bapak dalah Ibu kepareng kawula ngaturaken keterangan sawatawis, Mbaten sanes, saking gagasan nipun tokoh sastrawati – budhaya ugi seniman, inggih punika Mbah Brintik. Ingkang wasipun kepingin sanget, kadas pundhi seni budaya daerah Kabupaten Malang Raya punika tetep lestari, ugi gesang ngrembaka. Awit pancen sajakipun kados badhe ngalami kemunduran, amargi kadesek dening budhaya monco. Ingkang masyarakat malah nggandrungi bodhaya sanes, mboten melu dhumatheng seni budhaya nipun kiyambak ingkang sejatosipun langkung unggul.

Kanthi panyengkuyung saking Java Cultura, kawula kaleres minangka ketua Java Cultura, ugi saking para seniman budayawan, sampun ngawontenaken musyawarah, ingkang dipun pandhegani dening Bapak Camat Kepanjen ingkang ageng sanget menggah pambiantu nipun dumatheng gagasan puniko. Ngantos kaleksanan saget ngawontenaken adicara “sarasehan” ing wekdal Senin pon, 19 juli 2010 puniko. Bapak Camat Kepanjen Malang (Bpk. Nurman) nyata – nyata ageng sanget menggah kawigatasanipun dhumateng kekajengannipun masyarakat, ingkang taksih sami tresna dhateng seni budhaya daerah ing Kabupaten Malang mriki.

Wondene, tujuan adicara “sarasehan” kangge para seniman budayawan ugi masyarakat ingkang sami tresna dumateng seni budaya daerah, sami–sami kagigah penggalihipun, ngunggar greget, lajeng sami gumregah, sayek, saekopraya, nggiataken barisan, kangge nyuburaken seni budhaya daerah, ingkang sajak sampun alum. Jalaran kenging oma budhaya manca. Ingkang masyarakat malah nggandrungi seni bodhoyo monco. Mongko sejatosipun, seni budhaya kita piyambak, langkung unggul sedaya nipun, katandhing seni budhaya sanes.

Sukur badhe, seni budhaya tilaran nipun leluhur kadhosta :
Mocopatan, karawitan, kentrung, jaran dhor, kethek ogleng mawi carios panji, ludruk, wayang uwong, ketoprak, saghet dipun gesangaken maleh. Awit cundhuk kalian kitha Kepanjen ingkang dadhos punjering Kabupaten Malang Raya badhenipun, mbetahaken sanget carios ingkang ngandhut sejarah panji. Punopo kok nganthos wonten nami Kepanjen, ingkang sejatosipun mendhet saking carios para panji. Bab punika, Java Cultura nyuwun pangestunipun, siap badhe ngrakit carios panji. Dadhos buku sejarah panji. (taksih dipun godhok wonten Kawah Condradimuka)

Jawanipun si mbah buyut kolosemanten, saben wonten bayen, boyongan, manggulan manten lan ugi acara punapa kemawan, tansah kapireng kumandhangipun mocopatan. Saben sekolahan, tansah kapireng tembang–tembang jawi, lagu dolanan lan sakpanunggalipun, ndadosaken suasana seger.

Ugi kalebet lagu dolanan kangge lare–lare, perlu dipun nggrengsengaken maleh, awit bab punika ngandhut pendidikan budi pekerti tumrap lare. Tari topeng, Tari Srimpi, Tari Bedayan, sageda dipun grengsengaken maleh jalaran sampun ngantos para generasi muda klelep dhumateng tari produk monco, ingkang mesti setengah wuda, saget mrosotaken jati diri minangka bangsa ingkang tansah ngugemi unggah – ungguh- totokama – tatasusila.

Pramila punika, sumangga sedhaya kemawan kanthi wontenipun adicara “sarasehan” punika, regedheg maju sareng, ndadosaken seni budhaya daerah Kabupaten Malang Raya punika, gadhahi andel–andel utawi simbol, seni budhaya daerah unggulan.

Mboten sanes dumatheng Bapak Pemerintah Malang, kersoa pareng wawasan, pitedah, ugi parengo papan ingkang omber dhumateng para tokoh sastra, budhoyo, seniman, ingkang gadahi gagasan luhur puniko. Ugi kalebet Java Cultura ingkang minongko wadah seniman, sastrawan, wartawan, pangusaha alit, bakul, tukang lan sak panunggale, paringo kawigatosan kadhos pundi sagetipun pikantuk papan ingkang omber, kangge perjuangan nuju pagesangan ingkang lakung mapan. Paribasan kita “Mboten nyuwun ulamipun nanging nyuwun pancingipun”.

Kinging dipun wastani, Java Cultura puniko, paribasanipun, keret tanpo untu, badhe miber tanpa suwiwi, badhe mlajeng mboten nggadah suthang. Saderengipun kito namung saghet ngaturaken gunging panuwun, dumateng paring pamaos, dumateng para generasi muda, ingkang kepingin nggayuh kesuksesan.

Wusono dumatheng para pamaos, mugi kersoa paring gunging pangaksami, bilih sedayanipun, kirang ndadosaken renaning penggalih panjenengan sami.

Jenang sela, wader pari, sesoderan,
yen wonten lepat kawulo apuranen.
Santen kolake telo, semanten atur kawula,
matur nuwun.

Wassalamu’alaikum wr.wb.


Kepanjen, 19 juli 2010
Ketua 
Java Cultura "Panji Ngejah Wantah"
Agung Cahyo Wibowo

ARTIKEL POPULER

edisi kusus

edisi kusus
Klik gambar... untuk melihat cerita, silsilah, foto keluarga Darmoredjo